Materi Bahasa Jawa Kelas 8 Legendha

Kabeh wong mesthi seneng maca utawa ngrungokake dongeng. Kejaba critane nyenengake, isine dongeng uga ngandhut pitutur becik kang sinandi. Ing kasusastran Jawa dongeng iku ana akeh banget. Yen dipilah-pilah manut isine, dongeng bisa digolongake:

1. Dongeng lucu

Dongeng iki mujudake dongeng sing nyritakake kedadean-kedadean lucu ing jaman sing kepungkur. Dongeng-dongeng lucu digawe kanggo aweh panglipur lan gawe guyune wong sing maca utawa ngrungokake.

2.  Fabel

Awujud dongeng sing nyritakake watak lan tumindake manungsa nanging digambarake kanthi paraga kewan. Fabel kanthi paraga kewan-kewan lumrah dianggo menehi pitutur marang wong sing maca utawa ngrungokake.

3.  Parabel

Yaiku dongeng sing isine nggambarake sawijining paraga sing duweni watak utawa tumindak tartamtu lan ngundhuh asiling tumindake mau. Dadi parabel iku dongeng sing bisa dianggo nyritakake ajaran agama, kabecikan, lan pranatan kanthi nggunakake pepindhan ( perbandingan ).

4.  Legenda

Dongeng iki isine nyritakake prastawa sing gegayutan karo dumadine panggonan utawa daerah. Apa sing njalari sawijining panggonan diwenehi aran kaya ngono.

5.  Sage

Sage yaiku dongeng sing isine ana gegayutane karo prastawa sejarah.

6. Mite

Yaiku dongeng sing ana gegayutane karo mitos, keyakinan masyarakat, sing kala-kala ora bisa dibuktekake nyata lan orane.

Saliyane bisa dipilah-pilah manut isine kaya ing dhuwur, dongeng uga ngandhut unsur-unsur wigati kaya: alur, paraga, latar, lan tema. Yen dijlentrehake kaya ing ngisor iki :

1.      Alur yaiku urutan kedadeyane prastawa ing carita. Alur iki bisa dibedakake alur maju, mundur lan campuran, manut urutan kedadeane. Yen alur maju, crita diwiwiti saka kedadean jaman biyen ( upamane wiwit paraga lair ) lumaku nganti saiki utawa besuke ( nganti paraga diwasa lan katekan apa gegayuhane ). Dene alur mundur suwalike, diwiwiti saka kedadean saiki, lumaku mundur marang kedadean sing wis mungkur. Yen alur campuran, ateges nganggo alur maju dicampur karo alur mundur.

2.      Paraga yaiku wong sing ngalami maneka prastawa ing carita. Para paraga ing carita duwe watak sing ora padha. Ana sing becik (jujur, welas asih, sabar, lsp.), ana uga sing ala (drengki, kejem, cengkiling, lsp.). Nemtokake watake paraga bisa saka keterangane panganggit bisa uga saka pacelathone para paraga.

3.      Latar yaiku unsur sing nuduhake papan panggonan lan wektu kedadeane prastawa ing crita.

4.      Tema yaiku underaning rembug ing carita, utawa sawijining bab sing dadi lelandhesan crita mau ditulis dening panganggit.

Supaya gampang nemtokake unsur-unsur ing carita bisa nganggo pitakonan kaya iki :

·         Kedadean sing ana ing crita sing kokwaca/ rungokake iku mau urutane kepiye? ( alur )

 ·         Sapa bae paraga sing ana ing carita lan kepiye wateke? ( paraga )

 ·         Kapanlan ing endi prastawa ing carita mau dumadi? ( latarpanggonan lan wektu)

 ·         Crita sing kokwaca/ rungokake isine nyritakake apa? ( tema )

Kanthi nganggo pitakonan-pitakonan ing dhuwur para siswa luwih gampang yen arep naliti isine crita/dongeng. Sing ora kalah wigati yaiku pitutur ( amanat ) ing crita. Panganggit gawe crita utawa tulisan mesthi duwe tujuan sing kepengin dikandhakake marang para pamaos. Tujuan/piwelinge panganggit iku sing diarani pitutur utawa amanat carita.

Mula para siswa padha sregepa maca dongeng lan uga wacan liyane awit kanthi seneng maca, kawruh kita bakal tambah akeh saliyane iku uga ngasah budi pekerti ngelingi isine dongeng iku ngandhut pitutur kang becik

Coba wacanen dongeng sing dicawisaken dening gurumu ing ngisor iki! 

DUMADINE KUTHA KARANGANYAR

              Dumadine kutha Karanganyar ana gandheng cenenge karo sejarahe R.M. Said utawa sing kawentar kanthi sebutan Pangeran Sambernyawa nalika perang mungsuh Walanda taun 1792. Nalika perang mungsuh Walanda, Pangeran Sambernyawa nggunakake cara perang gerilya, yaiku perang kanthi cara genti genten papan utawa pindhah-pindhah panggonan supaya angel dilacak dening mungsuh. Anggone nyerang kanthi dadakan banjur ndhelik, mangkono sateruse.

Sajerone nglakoni perang gerilya, meh kabeh tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan wis tau diambah. Pangeran Sambernyawa tansah makarya bebarengan karo Pangeran Mangkubumi sing keprenah pamane. Sawijining dina Pangeran Sambernyawa ana ing tanah Brang Wetan saperlu tapa kanthi silang tumpang ing sadhuwure watu. Ana ing papan iki Pangeran Sambernyawa entuk wangsit lumantar manuk derkuku sing manggung kanthi aneh. Diarani aneh amarga nalika manggung unine mangkene “Sapa mangan aku, bakal dadi luhur.” Bab iki ndadekake gumune Pangeran Sambernyawa. Nanging kabeh mau wis dadi pepesthene, Gusti Maha Agung sing bakal paring pepadhang. Sabanjure Pangeran Sambernyawa maringi jeneng papan mau aran “Mojogedhang”. Anggone maringi jeneng disekseni dening para pandhereke yaiku Ngabehi Rangga Panambang, Ngabehi Kudana Warsa, lan Nitidana. Tembung “Mojogedhang” asale saka tembung mojo lan gedhang. Mojo tegese sedya, karep, utawa pepenginan. Gedhang tegese gedhene pepadhang utawa pituduh urip. Dadi Mojogedhang duwe teges sawijining panggonan nalika Pangeran Sambernyawa oleh pituduh supaya nggayuh pepenginan lumantar manggunge manuk derkuku.

Direwangi dening para pendhereke, Pangeran Sambernyawa banju mbudidaya ngoyak manuk derkuku mau nganti tekan padhepokane pendhekar wanita sing jenenge Nyai Dipo. Dheweke mbiyen dadi pejuang negara nanging saiki seneng tapa. Pangeran Sambernyawa banjur ngandharake kekarepane. Nyai Dipo kaget banget lan ora percaya apa pancen bener sing rawuh iku R.M. Said saka Kartasura. “Bener Nyi, jenengku pancen Said, nanging akeh sing padha nyebut Sambernyawa.”

“ Pancen wis tekan titiwancine, Nak Mas Sambernyawa bakal dhahar Wahyu Kraton sing awujud manuk derkuku aneh iku. Nak Mas Said bakal dadi ratu,” ature Nyai Dipo kanthi grapyak. Nyai Dipo banjur nyaritakake asal-usule manuk derkuku sing manggunge aneh. Miturut critane Nyai Dipo, dheweke oleh manuk derkuku iku liwat swara gaib saka wit jati growong. Manuk iku banjur diopeni lan bisa manggung kang unine “Sapa sing mangan aku, bakal dadi luhur.”

Pangeran Sambernyawa rena penggalihe mireng critane Nyai Dipo. Manuk derkuku banjur disembeleh lan dimasak. Sawise dhahar manuk derkuku, Pangeran Sambernyawa ngendika, “Besuk yen ana rejane jaman, papan iki dakjenengaken “Karanganyar”, jalaran ing papam iki aku nampa pawarta anyar antuk wahyu keraton sing awujud manuk derkuku.”

Wiwit kedadean iku, papane Nyai Dipo diarani dhukuh Karanganyar. Papan iku saiki dadi kutha gedhe. Pangeran Sambernyawa uga maringi sebutan Nyai Dipo dadi Nyi Ageng Karang sing dadi cikal bakale Karanganyar.

Leave a Comment